Selasa, 06 Juni 2017

tugas makalah



Tari Kesenian Lengger Banyumasan
Tugas ini dibuat untuk memenuhi Tugas Mata Kuliah :
Nyerat Karya Ilmiah
Dosen Pengampu : Prof. Dr. Suharti, M.Pd.

Disusun oleh :
Nama   :           Fary Puji Pratama        (15205241021)
Rafli Nanda Pristya    (15205241031)
Kelas   :           F / PBD A 2015
Prodi   :           Pendidikan Bahasa Jawa

Pendidikan Bahasa Jawa
Fakultas Bahasa dan Seni
2017


PRAWACANA

Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung sahengga makalah punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur sembah nuwun kagem tiyang sepuh kawula ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija ingkang sampun paring kawruh lan seserepan sahengga makalah ingkang kasusun sae punika saged purna.
Laporan karya tulis kanthi irah – irahan “Lengger Banyumasan” punika minangka salah satunggaling sarana gladhen nyerat. Makalah menika kasusun kangge njangkepi tugas semester 4 mata kuliah Nyerat Karya Ilmiah.
Mugi – mugi makalah ingkang kaserat dening panyerat menika saged paring mapinten – pinten manfaat dhumateng para sinten kemawon ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi kathah kakirangan, pramila panyaruwe saha panyendu tansah kula antu – antu.  


Yogyakarta, 10 Mei 2017

Panyerat







BAB I
PURWAKA

A.    Dhasaring Panaliten

Kabudayan inggih punika sedaya gagasan, tindak tanduk lan asil karya  manungsa wonten ing pagesangan masyarakat ingkang dipun dadosaken gadhahipun saking manungsa kanthi sinau (Koentjaraningrat, 1990: 180). Kabudayan menika saged dipun jalari dening kagiyatan manungsa wonten ing pagesangan padintenan, menika manungsa ingkang dados makhluk sosial ingkang sami biyantu saha boten saged urip piyambak. Wonten ing pagesanagan masyarakat kita boten saged ewah saking mapinten – pinten aspek pagesangan. Salah setunggalipun aspek pagesangan wonten ing masyarakat inggih punika kabudayan. Kawontenan kabudayan menika saged dipun jumbuhaken kaliyan adat istiadat wonten ing masyarakat menika piyambak.
Kabudayan menika jumbuh kaliyan keseniaan amargi kasenian menika salah setunggaling bagian saking kabudayan ingkang perlu dipun lestantunaken saha dipun uri – uri. Kesenian inggih punika saking budaya saha sarana ingkang dipun ginakkaken kangge mengekspresikan raos kaendahan saking salebeting jiwa manungsa. Kados ingkang dipun serat dening Koentjaraningrat (1990:204) bilih salah setunggaling wujud kabudayan inggih punika kesenian ingkang salah setunggaling perangan universal saking kabudayaan ingkang kaiket kaliyan pagesangan manungsa kangge nuruti kabetahan rohani.
Kesenian tradhisional rakyat menika kesenian ingkang asalipun saking masyarakat ingkat sipatipun turun – maturun saking jaman nenek moyang dumugi samenika. Tari kerakyatan tradhisional mliginipun nggatosaken panggambaran pagesangan wonten ing masyarakat. Titikanipun saking tari kerakyatan inggih menika kesederhanaan gerak, irama, pakaian, tata rias, saha tema (Kussudiardjo, 1992: 4).
Kesenian Lengger Banyumasan menika salah setunggaling kesenian ingkang lair saha mekar wonten ing wilayah masyarakat Banyumas. Kesenian Lengger Banyumasan menika kesenian tradhisi saking jaman pra saha pasca kamardikan saha taksih eksis dumugi samenika. Kesenian Lengger Banyumasan purwakanipun tarian ingkang boten gadhah ritmik saha paugeranipun. Masyarakat enem jarang ingkang ningali tari Lengger, amargi gerakanipun namung monoton, boten wonten variasinipun saengga damel bosen. Ananging kesenian Lengger Banyumasan menika biyasanipun dipun tanggap wonten ing adicara supitan, pengantenan lsp.

B.     Watesaning Perkawis
Watesaning perkawis wonten ing panaliten menika inggih punika mekaring kesenian Lengger Banyumasan wonten ing Kabupaten Banyumas.

C.     Wosing Perkawis
Adhedhasar perkawis menika, saged katata wosing perkawis kados mekaten : Kados pundi pamekaran wujud penyajian Lengger Banyumasan wonten ing Kabupaten Banyumas?

D.    Ancasipun Panaliten
Adhedhasar wosing perkawis, ancasing panaliten inggih menika kangge deskripsikaken pamekaran wujud penyajian Lengger Banyumasan wonten ing Kabupaten Banyumas.

E.     Paédah Panaliten

a)         Kangge mangertosi keragaman saha jinising kesenian Lénggér Banyumas
b)         Kangge bahan kajian Seni Tari khususipun kesenian Lénggér Banyumas
c)         Bagi masyarakat, hasil penelitian kasebut saged nambah pengetahuan kesenian Lénggér Banyumasan kangge nglestantunaken kesenian Lénggér wonten ing masa saklajengipun.



























BAB II
GEGARAN TEORI


A.    Andharan Teori
1.      Pangembangan
Pangembangan inggih punika proses pangolahan enggal ingkang adhehdhasar unsur – unsur tradhisi saha pamekaran wilayah ingkang boten ngicalaken nilai – nilai tradhisi ingkang wonten saengga saged dipun tingali dening masyarakat ingkang langkung jembar (Sedyawati, 1984 : 39).
Pangembangan inggih punika panciptan utawi pangenggalan kreativitas, ngewahi utawi nambahi tanpa ngicalaken nilai – nilai tradhisi ingkang wonten (Soedarsono, 1999: 98).
Pangembangan menika kalampahan wonten ing Paguyuban Seni Langen Budaya supados saged nglestantunaken kesenian Lengger Banyumasan saengga kesenian menika saged lestantun. Pangewahan ingkang dipun lampahaken wonten ing Paguyuban Seni Langen Budaya amargi wonten mapinten sabab, ingkang salah setunggalipun inggih punika saking tuntutan jaman ingkang betahaken daya tarik masyarakat tumuju kesenian Lengger Banyumasan.

2.      Wujud Panyajian
Bentuk miturut Poerwodarminto wonten ing Kamus Besar Bahasa (1985:122) salah sawijining saking bentuk inggih menika wujud. Wujud kadhapuk saking kalih jinis, wonten wujud ingkang nyata saha abstrak.
Saking istilah menika saged dipun mangertosi menawi bentuk penyajian wonten ing kesenian saged dados proses nyuguhake salah sawijining karya seni ingkang kasusun saking mapinten jinis gerak miturut elemen – elemen ingkang wonten ing pementasan. Bentuk wonten ing tari inggih menika salah satungaling kesatuan gerak ingkang dipun sebut motif gerak (Suharto, 1984: 35). Nilai kaendahan menika adhedhasaripun saking kwalita tartamtu ingkang wonten ing salah sawijining pementasan. Kwalitas menika awujud kesatuan (unity), keselarasan (harmony), keseimbangan (balance), perlawanan (contrast).
Wonten ing proses pandamelan karya seni wonten mapinten – pinten elemen ingkang wonten, antawisipun : gerak, desain lantai, iringan, tata rias, tata busana, tata lampu, perlengkapan.
3.      Kesenian lengger Banyumasan
Lengger menika kadhapuk saking tembung “Leng” ingkang tegesipun bolong (estri) saha tembung “Ngger” ingkang tegesipun jengger (kakung), menika ngemot teges “dikira leng (tiyang estri), jebul jengger (tiyang kakung)”. Lengger Banyumasan menika kalebet jinis kesenian tradhisional ingkang sampun dados kabudayan asli Banyumas ingkang sampun turun – maturun saking jaman rumiyin. Tari Lengger menika salah satunggalipun kesenian tari ritualkangge tolak bala saha media ruatan. Kesenian Lengger Banyumasan menika kasenian awit saking wilayah Jatilawang Kabupaten Banyumas wonten ing taun 1755 saha mekar wonten ing dhaerah Kalibagor Kabupaten Banyumas.  Kangge masyarakat Banyumas, Lengger menika tradhisi kabudayan asli saking rakyat ingkang boten saged dipun tilar, amargi sampun dipun raos minangka titikanipun dhaerah kasebut (Sunaryadi,2000: 6).
Wonten ing jaman rumiyin penari lengger menika tiyang kakung ingkang macak kados tiyang estri, ananging samenika biyasanipun dipun lampahaken dening 2 tiyang estri ngantos 4 tiyang. Tiyang estri dipun raos langkung luwes anggenipun nari amargi mengikuti irama khas Banyumas ingkang lincah saha dinamis saking gerak pinggul ingkang langkung narik penonton. Lenggeran wonten ing jaman rumiyin biyasanipun dipunlampahaken wayah bengi dumugi enjing. Wekdalipun saking tabuh 22.00 WIB dumugi enjing saderengipun adan subuh. Beda kaliyan jaman samenika, Lengger Banyumasan dipun pentasaken wonten ing wayah siyang.
Kesenia Lengger Banyumasan menika dipun iringi gamelan tradhisional ingkang kadamel saking prig wulung, kenong, gambang, gong, kendang, saha dipun iringi sinden. Tembang ingkang dipun tembangaken antawisipun wonten “bendrong kulon”, “ jineman”, “kembang glepang”, “ricik – ricik”, “sekar gadhung”, “malangan”,”music calung”.
Wonten ing jaman rumiyin, kesenian Lengger dipun remeni sanget dening masyarakat, amargi kesenian menika namung kangge seneng – seneng, gawe bungah ati. Sejatosipun Lengger menika saged kangge damel guyub tukun saha damel bungah masyarakat. Ananging samenika beda, tiyang enem ningali kesenian menika kuna saha wonten unsur pornografinipun.
            Kesenian Lengger menika jinis kesenian wonten gegayutanipun kaliyan upacara syukuran, pasca panen, mantenan wonten ing dhaerah Banyumas. Lengger Banyumasan taksih sajinis kaliyan tayub saha ronggeng sami-sami ngginakaken iringan gamelan calung, ananging miturut dhaerahipun kemawon ingkang beda, saengga aranipun saged beda. Pentas kesenian Lengger Banyumasan dipun perang dados 4 babak, antawisipun wonten babak gambyongan ingkang ancasipun kangge pambuka, babak ebeg – ebegan (jathilan) kangge symbol supranatural, babak badhutan inggih menika babak lawakan, babak Baladewan babak ingkang dipun lampahaken dening salah satunggalipun penari Lengger, ancasipun kangge donga panyuwun marang gusti ingkang maha kuaos. Miturut masyarakat Banyumas, Lengger gadhah simbol kasuburan.
4.      Faktor ingkang Pangaruh Kangge Perubahan Penyajian
Perkembangan bentuk panyajian kesenian Lengger Banyumasan saking jaman rumiyin dumugi samenika kalampahan mapinten – pinten perubahan tanpa nilaraken bentuk aslinipun. Perubahan menika amargi kangge damel gagasan variasi tari ingkang langkung kreatif, dinamis, efisien, saha saged dipun tampi dening masyarakat.
Prebuhan kesenian ingkang sampun dipun slarasaken sahingga kasenian kasebut katon dinamis saha elok. Wonten ing zaman sakmenika kesenian tradisional sampun luntur amargi perkembangan zaman sama mlebetipun tradisi asing ingkang dadosaken minat kaliyan kesenian tradisional menika sampun kuna. Faktor ingkang dados adhedhasar kawontenan prubahan antawisipun (1) kangge kaendahan, (2) arus globalisasi, (3) tuntutan masyarakat, (4) modernisasi, (5) wonten ing panganggepan masyarakat bilih Lengger Banyumasan menika gadhah unsur pornografi.
BAB III
PANUTUP


1.      Dudutan
Dudutanipun saking makalah “Perkembangan Lengger Banyumasan” inggih menika Lengger Banyumasan menika budaya kesenian rakyat ingkang taksih eksis kawontenanipun. Awit saking jaman rumiyin dumugi samenika taksih wonten tiyang ingkang nguri – uri budaya kesenian Lengger Banyumasan menika. Ananging budaya kesenian rakyat asli saking Kabupaten Bnnyumas samenika sampun ewah saking nilai saha norma ingkang kedahipun wonten ing kesenian Lengger menika. Sedaya masyarakat tumut nggadhahi budaya menika. Ananging kita boten kepareng ngicalaken nilai saha norma ingkang wonten ing budaya kesenia Lengger Banyumasan menika.
Kathah faktor saking njawi ingkang saged ngicalaken eksistensi budaya kesenian Lengger Banyumasan menika. Pramila, kita sedaya kedah sadhar tumut nguri – uri saha dados pramirsa ingkang sae. Kawontenan Lengger Banyumasan menika boten luput, boten saru, amargi menika sampun wonten saking jaman rumiyin saha sampun dados budaya, identitas masyarakat Banyumas. Budaya menika ingkang dados identitas masyarakat Banyumas boten saged ical, sawatawis budaya sanes ingakng enggal menika ingkang damel risak budaya rakyat piyambak.
Kita sedaya kedah pinter nyaring budaya ingakng leres saking njawi. Menapa budaya menika saged dipun tampi dening masyarakat lokal kanthi sae saha boten ngrisak nilai saha moral budaya lami ingkang dados identitas masyarakat dhaerah.






2.      Panyaruwe 
Saking makalah “Perkembangan Lengger Banyumasan” menika, wonten panyaruwenipun kadosta:

a)         Kesenian tradisional Lengger Banyumas kedah dipun lestantunaken supados mboten ical saking masyarakat saha masyarakat mangertos kesenianipun piyambak-piyambak.
b)         Kesenian Lénggér Banyumasan kedah dipun kembangaken saengga kesenian kasebut seged selaras kalian kesenian ingkang sanesipun saha generasi enem saged nglestantunaken kesenian Lengger.
c)         Kedah wonten pemberdayaanipun saking kesenian Lengger Banyumasan kangge masyarakat pribadi utawi kangge kangge kapentingan nglestantunaken kesenian Lengger Banyumasan.
d)         Amargi wonten kathah paguyuban seni langen wonten ing Banyumas, dados saben paguyuban kedah wonten titikanipun ingkang mbedakaken supados mboten sami kaliyan paguyuban sanesipun.
e)         Gerak tari kesenian Lengger Banyumasan taksih kirang kesadaran saking para penari, dados penari Lengger Banyumasan wonten ing paguyuban langen budaya saged kompak anggenipun nari.











Daftar Pustaka


Djelantik, A. A. M. 1999. Estetika Sebuah Pengantar. Bandung: Masyarakat Seni    Pertunjukan Indonesia bekerja sama dengan Arti.

Poerwodarminto, WJS. 1985. Kamus Umum Bahasa Indonesia. Jakarta:Balai Pustaka.

Hayati, Masri Nur. 2013. Perkembangan Bentuk Penyajian Kesenian Lengger Banyumasan di Paguyuban Seni Langen Budaya Desa Papringan Kecamatan Banyumas Kabupaten Banyumas. Skripsi S1. Yogyakarta: Jurusan Pendidikan Seni Tari, FBS, UNY.



Menawi badhe download utawi badhe ningali wonten mriki nggih https://drive.google.com/open?id=0B2c6A5h0bVGvQWZVSHZnbmlHRDA



Tidak ada komentar:

Posting Komentar