Minggu, 21 Mei 2017

Tugas nyerat karya ilmiah dipungarap wonten kelompok kados ingkang sampun kelampakaken. (Kls F) 

Fary Puji P (15205241021) 
Rafli Nanda P (15205241031)

SEJARAH BENTENG VAN DER WIJCK
Benteng Van Der Wijck inggih punika bangunan benteng ingkang dipundamel ing jaman penjajahan Walandi. Benteng menika wonten ing wilayah Gombong, kabupaten Kebumen, Jawa Tengah. Bangunan menika gadhah metamorfosa sejarah ingkang kirang dipungatosaken dening masyarakat Kebumen piyambak. Dados wonten kalepatan panemtuan wekdal benteng menika dipundamel. Samenika para wisatawan ingkang sowan wonten ing objek wisata menika kabacut percaya menawi benteng Van Der Wijck menika dipundamel wonten ing taun 1818 kados ingkang kaserat wonten ing sisih – sisih bangunan wonten ing lebetipun benteng “AKU DIBANGUN TAHUN 1818”. Kanthi dipunjangkepi data sejarah wonten Benteng menika supados langkung tambah kawruh.
Saderengipun taun 1844, Benteng Van der Wijck menika minangka bangunan kantor Kongsi Dagang VOC wonten ing Gombong. Bangunan menika sejatosipun sanes benteng. Ananging saking kekiyatan Pangeran Diponegoro ingkang ageng wonten ing Bagelan kidul (samenika Kabupaten Kebumen) ingkang saged nguasai kantor menika. Wonten ing taun 1825 – 1830 marekake bangsa Walandi ndhatengaken bala pasukan VOC kanthi kathah saking Batavia saha nguasai kantor Kongsi Dagang VOC wonten ing Gombong. Papan menika lajeng dipundadosaken pertahanan militer Walandi kangge nglawan Pangeran Diponegoro ing Bagelen kidul, saengga serangan menika dados serangan ingkang ageng saking bangsa Walandi sarta pembumihangusan pendopo kota Raja kabupaten Panjer ingkang dados papan pusat kekiyatan terakhir (1832). Prastawa menika dados ngrubah fungsi kantor Kongsi Dagang VOC Gombong dados markas pertahanan bangsa Walandi wonten ing Gombong.
1.      Teks menika katitia menapa teks menika saged kasebat teks ilmiah ingkang sae? Cobi katitia adhedhasar titikaning basa ilmiahipun : (1) sipat lugas, (2) gramatikal, (3) ngginakaken ukara ingkang efektif.
(1)   Sipat lugas = asipat sederhana, miturut kahanan, lugu
Tuladha :
                “Benteng Van Der Vijck” inggih punika bangunan benteng ingkang dipundamel wonten ing jaman penjajahan Walandi. Benteng menika wonten ing wilayah Gombong, Kabupaten Kebumen, Jawa Tengah.”
(2)   Gramatikal = makna ingkang saged berubah ewah, brobah jumbuh kaliyan konteksipun.
Tuladha : “Saderengipun taun 1844, Benteng Van der Wijck menika minangka bangunan kantor”
(3)   Ngginakaken ukara ingkang efektif = boten ngginakaken ukara ingkang dipunambali, tembung – tembungipun boten dipunluwihaken “
Tuladha :
                “Saderengipun taun 1844, Benteng Van der Wijck menika minangka bangunan kantor Kongsi Dagang VOC wonten ing Gombong. Bangunan menika sejatosipun sanes benteng”
2.      Kademela teks ilmiah anyar miturut cengkok panjenengan kekalih.
            Tradhisional menika cara berpikir sarta tindak tanduk ingkang nggatosaken norma saha adat istiadat ingkang wonten kanthi turun - temurun. Miturut Soedarsono, tari tradhisional inggih menika tarian ingkang sampun nglampahi sejarah ingkang dangu saha gadhah pola – pola tradhisi ingkang wonten.
            Teri tradhisional menika asil saking ekspresi manungsa.ingkang gadhah kaendahan, latar belakang utawi sistem budaya masyarakat menika. Wonten ing tari tradhisional menika kaserat wejangan, pepeling saking masyarakat ingkang arupi ilmu, gagasan, kapitadosan, nilai saha norma. Karya tari ingkang dipunasilaken sederhana, katingal saking gerakan, busana saha iringan. Saben karya tari tradhsional boten nggatosaken kamampuan utawi teknik tari ingkang sae, ananging langkung nggatosaken ekspresi penjiwaan saha tujuan saking gerak ingkang dipunlampahaken.

            Fungsi tari menika kawontenan saking tari ingkang gadhah nilai saha norma ingkang ngasilaken paedah dhumateng masyarakat wonten ing sosialipun (Hidayat, 2005 :5).


TUGAS REVISI ARTIKEL KELOMPOK SANESIPUN = https://drive.google.com/open?id=0B2c6A5h0bVGveHBURG5OSTlnMmM

Tidak ada komentar:

Posting Komentar