Tari Kesenian Lengger Banyumasan
Tugas ini dibuat untuk memenuhi Tugas Mata Kuliah :
Nyerat Karya Ilmiah
Dosen Pengampu : Prof. Dr. Suharti, M.Pd.
Disusun oleh :
Rafli Nanda Pristya (15205241031)
Kelas : F / PBD A 2015
Prodi : Pendidikan Bahasa Jawa
Pendidikan
Bahasa Jawa
Fakultas Bahasa
dan Seni
2017
PRAWACANA
Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten
ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung sahengga makalah punika saged
kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur sembah nuwun kagem tiyang
sepuh kawula ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija ingkang
sampun paring kawruh lan seserepan sahengga makalah ingkang kasusun sae punika
saged purna.
Laporan karya tulis kanthi irah – irahan “Lengger
Banyumasan” punika minangka salah satunggaling sarana gladhen nyerat. Makalah
menika kasusun kangge njangkepi tugas semester 4 mata kuliah Nyerat Karya
Ilmiah.
Mugi – mugi makalah ingkang kaserat dening panyerat
menika saged paring mapinten – pinten manfaat dhumateng para sinten kemawon
ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi kathah kakirangan, pramila panyaruwe
saha panyendu tansah kula antu – antu.
Yogyakarta, 10 Mei 2017
Panyerat
BAB I
PURWAKA
A.
Dhasaring Panaliten
Kabudayan
inggih punika sedaya gagasan, tindak tanduk lan asil karya manungsa wonten ing pagesangan masyarakat
ingkang dipun dadosaken gadhahipun saking manungsa kanthi sinau (Koentjaraningrat,
1990: 180). Kabudayan menika saged dipun jalari dening kagiyatan manungsa wonten
ing pagesangan padintenan, menika manungsa ingkang dados makhluk sosial ingkang
sami biyantu saha boten saged urip piyambak. Wonten ing pagesanagan masyarakat
kita boten saged ewah saking mapinten – pinten aspek pagesangan. Salah setunggalipun aspek pagesangan wonten ing masyarakat inggih punika kabudayan. Kawontenan
kabudayan menika saged dipun jumbuhaken kaliyan adat istiadat wonten ing
masyarakat menika piyambak.
Kabudayan
menika jumbuh kaliyan keseniaan amargi kasenian menika salah setunggaling bagian
saking kabudayan ingkang perlu dipun lestantunaken saha dipun uri – uri.
Kesenian inggih punika saking budaya saha sarana ingkang dipun ginakkaken
kangge mengekspresikan raos kaendahan
saking salebeting jiwa manungsa. Kados ingkang dipun serat dening
Koentjaraningrat (1990:204) bilih salah setunggaling wujud kabudayan inggih
punika kesenian ingkang salah setunggaling perangan universal saking kabudayaan ingkang kaiket kaliyan pagesangan
manungsa kangge nuruti kabetahan rohani.
Kesenian
tradhisional rakyat menika kesenian ingkang asalipun saking masyarakat ingkat
sipatipun turun – maturun saking jaman nenek moyang dumugi samenika. Tari
kerakyatan tradhisional mliginipun nggatosaken panggambaran pagesangan wonten
ing masyarakat. Titikanipun
saking tari kerakyatan inggih menika kesederhanaan gerak, irama, pakaian, tata
rias, saha tema (Kussudiardjo, 1992: 4).
Kesenian
Lengger Banyumasan menika salah setunggaling kesenian ingkang lair saha mekar
wonten ing wilayah masyarakat Banyumas. Kesenian Lengger Banyumasan menika
kesenian tradhisi saking jaman pra saha pasca kamardikan saha taksih eksis dumugi samenika. Kesenian Lengger
Banyumasan purwakanipun tarian ingkang boten gadhah ritmik saha paugeranipun. Masyarakat enem jarang ingkang ningali
tari Lengger, amargi gerakanipun namung monoton,
boten wonten variasinipun saengga
damel bosen. Ananging kesenian Lengger Banyumasan menika biyasanipun dipun tanggap
wonten ing adicara supitan, pengantenan lsp.
B.
Watesaning Perkawis
Watesaning
perkawis wonten ing panaliten menika inggih punika mekaring kesenian Lengger
Banyumasan wonten ing Kabupaten Banyumas.
C.
Wosing Perkawis
Adhedhasar perkawis
menika, saged katata wosing perkawis kados mekaten : Kados pundi pamekaran
wujud penyajian Lengger Banyumasan wonten ing Kabupaten Banyumas?
D.
Ancasipun Panaliten
Adhedhasar wosing perkawis, ancasing
panaliten inggih menika kangge deskripsikaken
pamekaran wujud penyajian Lengger Banyumasan wonten ing Kabupaten Banyumas.
E.
Paédah
Panaliten
a) Kangge mangertosi keragaman saha jinising kesenian
Lénggér Banyumas
b) Kangge bahan kajian Seni Tari khususipun kesenian Lénggér Banyumas
c) Bagi masyarakat, hasil
penelitian kasebut saged nambah
pengetahuan kesenian Lénggér Banyumasan kangge nglestantunaken kesenian
Lénggér wonten ing masa saklajengipun.
BAB II
GEGARAN TEORI
A. Andharan
Teori
1.
Pangembangan
Pangembangan
inggih punika proses pangolahan enggal ingkang adhehdhasar unsur – unsur
tradhisi saha pamekaran wilayah ingkang boten ngicalaken nilai – nilai tradhisi
ingkang wonten saengga saged dipun tingali dening masyarakat ingkang langkung
jembar (Sedyawati,
1984 : 39).
Pangembangan inggih
punika panciptan utawi pangenggalan kreativitas, ngewahi utawi nambahi tanpa
ngicalaken nilai – nilai tradhisi ingkang wonten (Soedarsono, 1999: 98).
Pangembangan menika kalampahan
wonten ing Paguyuban Seni Langen Budaya supados saged nglestantunaken kesenian
Lengger Banyumasan saengga kesenian menika saged lestantun. Pangewahan ingkang
dipun lampahaken wonten ing Paguyuban Seni Langen Budaya amargi wonten mapinten
sabab, ingkang salah setunggalipun inggih punika saking tuntutan jaman ingkang
betahaken daya tarik masyarakat tumuju kesenian Lengger Banyumasan.
2.
Wujud Panyajian
Bentuk
miturut Poerwodarminto wonten ing Kamus
Besar Bahasa (1985:122) salah sawijining saking bentuk inggih menika wujud.
Wujud kadhapuk saking kalih jinis, wonten wujud ingkang nyata saha abstrak.
Saking
istilah menika saged dipun mangertosi menawi bentuk penyajian wonten ing
kesenian saged dados proses nyuguhake salah sawijining karya seni ingkang kasusun
saking mapinten jinis gerak miturut elemen – elemen ingkang wonten ing
pementasan. Bentuk wonten ing tari inggih menika salah satungaling kesatuan
gerak ingkang dipun sebut motif gerak (Suharto, 1984: 35). Nilai
kaendahan menika adhedhasaripun saking kwalita tartamtu ingkang wonten ing
salah sawijining pementasan. Kwalitas menika
awujud kesatuan (unity), keselarasan
(harmony), keseimbangan (balance), perlawanan (contrast).
Wonten ing
proses pandamelan karya seni wonten mapinten – pinten elemen ingkang wonten,
antawisipun : gerak, desain lantai,
iringan, tata rias, tata busana, tata lampu, perlengkapan.
3.
Kesenian lengger Banyumasan
Lengger
menika kadhapuk saking tembung “Leng” ingkang tegesipun bolong (estri) saha
tembung “Ngger” ingkang tegesipun jengger (kakung), menika ngemot teges “dikira
leng (tiyang estri), jebul jengger (tiyang kakung)”. Lengger Banyumasan menika
kalebet jinis kesenian tradhisional ingkang sampun dados kabudayan asli
Banyumas ingkang sampun turun – maturun saking jaman rumiyin. Tari Lengger menika salah satunggalipun kesenian tari ritualkangge tolak
bala saha media ruatan. Kesenian Lengger Banyumasan menika kasenian awit
saking wilayah Jatilawang Kabupaten Banyumas wonten ing taun 1755 saha mekar
wonten ing dhaerah Kalibagor Kabupaten Banyumas. Kangge masyarakat Banyumas, Lengger menika
tradhisi kabudayan asli saking rakyat ingkang boten saged dipun tilar, amargi
sampun dipun raos minangka titikanipun dhaerah kasebut (Sunaryadi,2000: 6).
Wonten ing
jaman rumiyin penari lengger menika tiyang kakung ingkang macak kados tiyang
estri, ananging samenika biyasanipun dipun lampahaken dening 2 tiyang
estri ngantos 4 tiyang. Tiyang
estri dipun raos langkung luwes anggenipun nari amargi mengikuti irama khas
Banyumas ingkang lincah saha dinamis saking gerak pinggul ingkang langkung narik penonton. Lenggeran wonten ing jaman rumiyin biyasanipun
dipunlampahaken wayah bengi dumugi enjing. Wekdalipun saking tabuh 22.00 WIB
dumugi enjing saderengipun adan subuh. Beda kaliyan jaman samenika, Lengger
Banyumasan dipun pentasaken wonten ing wayah siyang.
Kesenia
Lengger Banyumasan menika dipun iringi gamelan tradhisional ingkang kadamel saking
prig wulung, kenong, gambang, gong,
kendang, saha dipun iringi sinden. Tembang ingkang dipun tembangaken
antawisipun wonten “bendrong kulon”, “ jineman”, “kembang glepang”, “ricik –
ricik”, “sekar gadhung”, “malangan”,”music calung”.
Wonten ing jaman rumiyin, kesenian Lengger
dipun remeni sanget dening masyarakat, amargi kesenian menika namung kangge
seneng – seneng, gawe bungah ati. Sejatosipun Lengger menika saged kangge damel
guyub tukun saha damel bungah masyarakat. Ananging samenika beda, tiyang enem
ningali kesenian menika kuna saha wonten unsur pornografinipun.
Kesenian Lengger menika jinis
kesenian wonten gegayutanipun kaliyan
upacara syukuran, pasca panen, mantenan wonten ing dhaerah Banyumas. Lengger
Banyumasan taksih sajinis kaliyan tayub saha ronggeng sami-sami ngginakaken iringan gamelan calung, ananging miturut dhaerahipun
kemawon ingkang beda, saengga aranipun saged beda. Pentas kesenian Lengger
Banyumasan dipun perang dados 4 babak, antawisipun wonten babak gambyongan ingkang ancasipun kangge pambuka, babak ebeg – ebegan (jathilan) kangge symbol supranatural, babak
badhutan inggih menika babak lawakan, babak
Baladewan babak ingkang dipun
lampahaken dening salah satunggalipun penari Lengger, ancasipun kangge donga
panyuwun marang gusti ingkang maha kuaos. Miturut masyarakat Banyumas,
Lengger gadhah simbol kasuburan.
4.
Faktor ingkang Pangaruh Kangge Perubahan Penyajian
Perkembangan
bentuk panyajian kesenian Lengger Banyumasan saking jaman rumiyin dumugi
samenika kalampahan mapinten – pinten perubahan tanpa nilaraken bentuk
aslinipun. Perubahan menika amargi kangge damel gagasan variasi tari ingkang langkung kreatif, dinamis, efisien, saha saged
dipun tampi dening masyarakat.
Prebuhan
kesenian ingkang sampun dipun slarasaken sahingga kasenian kasebut katon
dinamis saha elok. Wonten ing zaman sakmenika kesenian tradisional sampun
luntur amargi perkembangan zaman sama mlebetipun tradisi asing ingkang
dadosaken minat kaliyan kesenian tradisional menika sampun kuna. Faktor
ingkang dados adhedhasar kawontenan prubahan antawisipun (1) kangge kaendahan,
(2) arus globalisasi, (3) tuntutan masyarakat, (4) modernisasi, (5) wonten ing
panganggepan masyarakat bilih Lengger Banyumasan menika gadhah unsur pornografi.
BAB III
PANUTUP
1. Dudutan
Dudutanipun saking makalah
“Perkembangan Lengger Banyumasan” inggih menika Lengger Banyumasan menika
budaya kesenian rakyat ingkang taksih eksis
kawontenanipun. Awit saking jaman rumiyin dumugi samenika taksih wonten tiyang
ingkang nguri – uri budaya kesenian Lengger Banyumasan menika. Ananging budaya
kesenian rakyat asli saking Kabupaten Bnnyumas samenika sampun ewah saking
nilai saha norma ingkang kedahipun wonten ing kesenian Lengger menika. Sedaya
masyarakat tumut nggadhahi budaya menika. Ananging kita boten kepareng ngicalaken
nilai saha norma ingkang wonten ing budaya kesenia Lengger Banyumasan menika.
Kathah faktor saking njawi ingkang
saged ngicalaken eksistensi budaya kesenian Lengger Banyumasan menika. Pramila,
kita sedaya kedah sadhar tumut nguri – uri saha dados pramirsa ingkang sae.
Kawontenan Lengger Banyumasan menika boten luput, boten saru, amargi menika
sampun wonten saking jaman rumiyin saha sampun dados budaya, identitas
masyarakat Banyumas. Budaya menika ingkang dados identitas masyarakat Banyumas
boten saged ical, sawatawis budaya sanes ingakng enggal menika ingkang damel
risak budaya rakyat piyambak.
Kita sedaya kedah pinter nyaring
budaya ingakng leres saking njawi. Menapa budaya menika saged dipun tampi
dening masyarakat lokal kanthi sae saha boten ngrisak nilai saha moral budaya
lami ingkang dados identitas masyarakat dhaerah.
2. Panyaruwe
Saking makalah “Perkembangan Lengger Banyumasan” menika, wonten panyaruwenipun kadosta:
a) Kesenian tradisional Lengger Banyumas
kedah dipun lestantunaken supados mboten ical saking masyarakat saha masyarakat
mangertos kesenianipun piyambak-piyambak.
b) Kesenian Lénggér Banyumasan kedah
dipun kembangaken saengga kesenian kasebut seged selaras kalian kesenian
ingkang sanesipun saha generasi enem saged nglestantunaken kesenian Lengger.
c) Kedah wonten pemberdayaanipun saking
kesenian Lengger Banyumasan kangge masyarakat pribadi utawi kangge kangge
kapentingan nglestantunaken kesenian Lengger Banyumasan.
d) Amargi wonten kathah paguyuban seni
langen wonten ing Banyumas, dados saben paguyuban kedah wonten titikanipun
ingkang mbedakaken supados mboten sami kaliyan paguyuban sanesipun.
e) Gerak tari kesenian Lengger Banyumasan
taksih kirang kesadaran saking para penari, dados penari Lengger Banyumasan
wonten ing paguyuban langen budaya saged kompak anggenipun nari.
Daftar Pustaka
Djelantik, A. A. M. 1999. Estetika Sebuah Pengantar. Bandung: Masyarakat Seni Pertunjukan Indonesia bekerja sama dengan
Arti.
Poerwodarminto, WJS. 1985. Kamus Umum
Bahasa Indonesia. Jakarta:Balai Pustaka.
Hayati, Masri Nur. 2013. Perkembangan Bentuk Penyajian Kesenian Lengger
Banyumasan di Paguyuban Seni Langen Budaya Desa Papringan Kecamatan Banyumas
Kabupaten Banyumas. Skripsi S1. Yogyakarta: Jurusan Pendidikan Seni Tari, FBS,
UNY.
Menawi badhe download utawi badhe ningali wonten mriki nggih https://drive.google.com/open?id=0B2c6A5h0bVGvQWZVSHZnbmlHRDA