SȆRAT SASMITARASA
Tugas Menika Kangge Jangkepi Tugas Mata Kuliah :
Nyerat Karya Ilmiah
Dosen Pengampu : Prof. Dr. Suharti, M.Pd.
Kaserat dening :
- Fary Puji Pratama (15205241021)
- Rafli Nanda Pristya (15205241031)
Pendidikan Bahasa Jawa
Fakultas Bahasa dan Seni
2017
PRAWACANA
Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung sahengga makalah punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur sembah nuwun kagem tiyang sepuh kawula ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija ingkang sampun paring kawruh lan seserepan sahengga makalah ingkang kasusun sae punika saged purna.
Laporan karya tulis kanthi irah – irahan “Sêrat Sasmitarasa” punika minangka salah satunggaling sarana gladhen nyerat. Makalah menika kasusun kangge njangkepi tugas semester IV mata kuliah Nyerat Karya Ilmiah.
Mugi – mugi makalah ingkang kaserat dening panyerat menika saged paring mapinten – pinten manfaat dhumateng para sinten kemawon ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi kathah kakirangan, pramila panyaruwe saha panyendu tansah kula antu – antu.
Yogyakarta, 4 Juni 2017
Panyerat
BAB I
PURWAKA
- Dhasaring Panaliten
Naskah inggih menika salah satungalipun karya tulis ingkang gadah nilai ajaran. Naskah-naskah Jawa ingkang tersebar wonten ing daerah inggih menika perkembangan budaya bangsa jaman rumiyen. Naskah Jawa menika kathah ingkang isinipun aspek kehidupan. Aspek kasebut kadosta aspek-aspek ajaran agama, sejarah, politik, ekonomi, hukum, astronomi, obat-obatan, tumbuhan, bangunan, sastra, budaya, ajaran moral, mantera, doa, mistik, pendidikan atau piwulang, lan sapanunggalanipun kaliyan jaman sakmenika (Mulyani, 2008: 33).
Sêrat Sasmitarasa inggih menika salah satunggalipun koleksi naskah wonten ing perpustakaan Museum Kirti Griya Dewantara Taman Siswa Yogyakarta. Naskah menika wonten 20 halaman kanthi kode koleksi 130. Panyeratan angkanipun ngginkaken angka Jawa saha kaserat wonten ing inggil. Nama panyeratipun mboten dipun mangertosi.
Sêrat Sasmitarasa dipun serat ngginakaken aksara Jawa berbahasa Jawa Baru ragam ngoko alus. Sêrat Sasmitarasa dipun serat wonten ing Surakarta ingkang taunipun panyeratan ngginakaken sêngkalan ‘kalimat sebagai simbol tahun’ ingih menika warsa cinandra sangkala: Ngèsthi Gati Slira Budi (1858). Naskah Sêrat Sasmitarasa dipunterbitaken taun 1927 dening Stroomdrukkerij ‘’De Bliksem” Solo. Katerangan kasebut kaserat wonten ing sampul naskah Sêrat Sasmitarasa baris ke-10. Sêrat Sasmitarasa inggih menika salah satunggalipun karya sastra Jawa ingkang bentukipun prosa berupa uraian yang memuat adanya berbagai sasmita.
Sasmitarasa saking tembung sasmita saha rasa. Tembung sasmita tegesipun pertanda atawi pralambang, lajeng tembung rasa tegesipun rasa atawi maksud. Sasmitarasa gadah teges pralambang saking maksud atawi rasa. Sêrat Sasmitarasa nerangaken osiking saha dinamika rasa ingkang wonten gegayutan kaliyan untung saha cilakanipun manungsa gesang wonten ing donya menika. Pangertosan kasebut kaserat wonten ing sampul naskah Sêrat Sasmitarasa ingkang seratanipun kadosta.
Sêrat Sasmitarasa têgêsipun: pralambanging rasa. Mêdharakên ébah osiking pangraos ingkang badhé mahanani bêgja cilakaning manungsa, tumraping lêlampahan, titikanipun para bijaksana ing cipta sasmita, duk ing jaman kina.
Wonten sedoso pokok bahasan Aksara Jawi ha dumugi la saking teks Sêrat Sasmitarasa ingkang kaperang dados kalih. 1, inggih menika panêngêran ‘tanda-tanda’ saking ha dumugi ra isinipun pèngêt tumanggaping budi ‘nasihat akal budi pekerti’, panêngêran wong kang bakal nêmu bêbênduning Sukma ‘tanda- tanda seseorang yang akan mendapat kemarahan Tuhan’, panêngêran wong kang bakal nêmu sih pitulunganing Sukma ‘tanda seseorang yang akan memperoleh pertolongan dari Tuhan’, dan panêngêran wong kang bakal nêmu kasusahan ‘tanda-tanda seseorang yang akan mendapatkan kesusahan’. 2, inggih menika laku ‘bertindak’ dipun andharaken saking ka dumugi la yaitu: laku kamungguhan ‘bertindak pantas’, laku kalantipan ‘bertindak cerdas’, laku kagunan ‘bertindak pintar’, laku kaprawiran ‘bertindak pemberani’, laku kadibyan ‘bertindak memiliki kelebihan’, dan laku kawaspadan ‘bertindak kewaspadaan’.
Tiyang Jawa menika kedah tanggap ing sasmita ‘paham akan makna pertanda’. Kemampuan nitèni ingkang dipun ginakaken panêngêran ‘penanda’ wonten ing tumindak. Sasmita ancasipun kangge ngadepi setiap kadadean becik utawa ala. Kanthi ngginakaken laku ‘tindakan’ yang tepat, kadosta bertindak pantas, berani, waspada, lan sakpanunggalanipun. Sêrat Sasmitarasa saged dados acuan unggah-ungguh manungsa ingkang gegayutan kaliyan jaman sakmenikan.
- Watesaning Perkawis
Watesaning perkawis wonten ing panaliten menika inggih punika nilai-nilai saking Sêrat Sasmitarasa.
- Wosing Perkawis
Adhedhasar perkawis menika, saged katata wosing perkawis kados
mekaten : Kados pundi isinupun saking Sêrat Sasmitarasa?
- Ancasipun Panaliten
Adhedhasar wosing perkawis, ancasing panaliten inggih menika kangge
deskripsikaken isi saking Sêrat Sasmitarasa.
BAB II
GEGARAN TEORI
A. Andharan Teori
- Pangertosan Sastra
Sumardjo & Saini (1997) nyebataken bilih sastra menika ungkapan pribadi manungsa ingkang awujud pengalaman, pemikiran, perasaan, ide, semangat, keyakinan ingkang mbangkitaken pesona kanthi bahasa. Sastra dipun tingali dados gejala sosial (Luxemburg, 1984: 23). Amargi sastra dipun serat saking taun ke taun tartamtu ingkang gayut kaliyan norma-norma dan adat itiadat jaman sakmenika saha ingkang nyerat dados salah satunggaling saking masyarakat dados anggota saking masyarakat kasebat. Miturut Sugihastuti (2007) karya sastra inggih menika media pengarang kangge ngandharaken gagasan-gagasan saha pengalamanipun.
- Pangertosan Naskah
Miturut Djamaris (1977: 20), naskah dipun sebat dados tilaran seratan wonten ing kertas, lontar, kulit kayu, dan rotan.
Naskah Jawa inggih menika salah satunggaling benda ingkang saged dipun tingali utawi dipun raosaken, ingkang ngginakaken bahasa Jawa, sagedto bahasa Jawa Kuna, Jawa Pertengahan, utawi Jawa Baru ingkang dipun serat ngginakaken aksara Jawa, Arab Pégon utawi Arab Gondhil, Latin, lan sakpanunggalanipun, wonten ing bahan tulis lontar, dluwang, dan kertas (Mulyani, 2008: 1).
- Pangertosan Teks
Teks inggih menika suatu ingkang abstrak. Darusuprapta (1984: 1) ngandharaken menawi teks menika sebagaian rangkaian tembung-tembung ingkang saged dipun waos saha isinipun tartamtu, tuladhanipun pertanda utawi sasmita ingkang wonten ing isipun sêrat, amargi dados pelajaran kangge kauripan menika. Miturut Baroroh-Baried, dkk (1985: 56), teks inggih menika muatan naskah, ingkang abstrak saenggo namung saged dipun awang.
Naskah Sêrat Sasmitarasa inggih menika karang ingkang dipun serat ngginakaken aksara Jawa Cetak, teks Sêrat Sasmitarasa inggih menika rangkaian waosan ingkang jinisipun prosa isinipun uraian pratanda utawi sasmita.
B. Sasmita dan Rasa
1. Pengertian Sasmita dan Rasa
Dipunrunut saking segi etimologis, judul sêrat yang diteliti adalah Sasmitarasa. Sasmitarasa saking kalih tembung, inggih menika sasmita saha rasa. Miturut Poerwadarminta (1939: 547), tembung sasmita saking bahasa Kawi ingkang tegesipun
1) polatané praèn ‘keadaan wajah’, 2) ngalamat, pratandha ‘tanda, pertanda’.
Makna rasa miturut Poerwadarminta (1939: 521), tegesipun.
I. a. kahananing apa-apa nalika ditamakaké ing ilat, upamané rasa pêdhês, pait, gêtir, lan sapanunggalanipun, b. kaananing apa-apa nalika tumama ing badan utawa ati, upamané rasa kêri, susah, lan sapanunggalanipun, c. pathining têgês (ing ngèlmu batin, lan sapanunggalanipun), d. kadunungan rasa, sarasa = tunggal rasa, cocog (laras) bangêt: rumasa, rumangsa, krasa, krasan, pangrasa. II. a. rahasya, rahsya, rahsa: gaib, wadi, ngèlmu rasa: kawruh sing mahyaaké sing sinamar.
Kamus Jawa Kuna-Indonesia dipunsusun dening Mardiwarsito (1981: 517), tembung sasmita asalipun saking bahasa Sansekerta ingkang tegesipun ‘dengan senyuman, tersenyum’. Tembung rasa asalipun saking bahasa Sansekerta tegesipun ‘suasana, getah, sari, inti, kenikmatan, enak, nada, isi, arti, maksud’ (Mardiwarsito, 1981: 466).
Sasmita inggih menika tanda-tanda ‘obah mosiké kahanan’ dalam bentuk bahasa verbal maupun non verbal yang dipakai untuk menyembunyikan maksud dalam berrkomunikasi. Sasmita dalam bahasa verbal biasanya tersembunyi dalam kata- kata, sedangkan sasmita dalam bahasa non verbal biasanya tersembunyi dalam kinesik berupa kerlingan mata, senyuman bibir atau simbol-simbol benda budaya.
Rasa wonten ing awak manungsa terdiri atas rasa lahiriah dan rasa batiniah. Rasa lahiriah bermediakan, seperti lidah (manis, asin, asam, pahit) dan kulit (panas, dingin). Rasa batiniah adalah rasa yang mengacu pada rasa spiritual, rasa ketuhanan, maupun rasa rohani, dalam budaya Jawa disebut sebagai rasa jati atau rasa sejati.
Rasa sejati dipun capai kanthi sarana laku, yaiku ceket kaliyan Tuhannya kanthi cara ngendalekake hawa nepsu. Kanti nglampai laku punika saged kelatih batinipun atau rasa, saengga hawa nepsu wonten ing awak manungsa saged dipun kendaleni. Rasa dipun lampahi kangge mangertosi rasa sêjatining diri.
Rasa kangge masyarakat jawa wonten maknanipun pyambak. Hadiwiyono (dalam Jatman, 1997: 27) rasa wonten ing sejatining manungsa dipun perang dados,
a) rasa pangrasa, inggih menika rasa badan wadhag, kadosta indra manusia: rasa pedas, gatal, sakit, enak, dan lain-lain,
b) rasa rumangsa, inggih menika rasa éling, rasa cipta, dan rasa grahita,
c) rasa sêjati, inggih menika rasa damai, rasa bebas, saha rasa abadi,
d) sêjatining rasa, inggih menika rasa, arti urip ingkang sejatosipun.
C. Sêrat Sasmitarasa
Sêrat Sasmitarasa inggih menika salah satunggalipun koleksi naskah wonten ing perpustakaan Museum Kirti Griya Dewantara Taman Siswa Yogyakarta. Naskah menika wonten 20 halaman kanthi kode koleksi 130. Panyeratan angkanipun ngginkaken angka Jawa saha kaserat wonten ing inggil. Nama panyeratipun mboten dipun mangertosi.
Sêrat Sasmitarasa dipun serat ngginakaken aksara Jawa berbahasa Jawa Baru ragam ngoko alus. Sêrat Sasmitarasa dipun serat wonten ing Surakarta ingkang taunipun panyeratan ngginakaken sêngkalan ‘kalimat sebagai simbol tahun’ ingih menika warsa cinandra sangkala: Ngèsthi Gati Slira Budi (1858).
Sêrat Sasmitarasa ngandharaken pralambanging rasa, yaiku tanda-tanda atau sasmita manungsa badhe nemu pristiwa seneng utawa sedih. Sêrat Sasmitarasa ugi ngandharaken laku kangge ngadepi sasmita-sasmita kasebut.
- Wujud-wujudipun sasmita
- Sasmita mendapaat kesusahan dan kemarahan tuhan, meliputi tertawa yang datang melebihi batas, nafsu yang datang melebihi batas, rasa kantuk yang datang melebihi batas, keinginan kuat yang datang melebihi batas, airmata yang keluar tanpa sebab, bicara yang keliru tanpa sebab, tercium bau busuk tanpa sebab, hati yang bergetar tanpa sebab, dan badan yang tidak tenteram tanpa sebab.
- Sasmita pertolongan tuhan, meliputi ingatan yang sampai meneteskan air mata, ketenangan yang sampai menghasilkan kesusahan, kesadaran yang sampai menghasilkan kesabaran, kenyang yang sampai menghasilkan kepuasan, dan rasa syukur yang sampai menghasilkan penerimaan.
- Laku dalam menghadapi sasmita
- Laku kamungguhan (bersikap patut), meliputi sumȇh ing pasȇmon ‘ramah dalam bertingkah laku’, sarȇh ing pangucap ‘sabar dalam berucap’, alusing solah tȇnaga ‘kehalusan tingkah laku’, dan jatmikaning palungguhan ‘kebaikan perihal duduk’.
- Laku kalantipan (bersikap cerdas atau paham), meliputi bisa nampa ing surasa ‘ mampu memahami maksud’, labda mangsuli pangandika ‘mahir mengulang perkataan’, nyandhak marang sasmita ‘paham dengan pertanda’, ngȇrti marang wȇwadi ‘mengerti dengan rahasia’.
- Laku kagunan (bersikap pandai dalam bertindak), meliputi wingit ing pasȇmon ‘berwajah wibawa’, rigȇn ing tindak ‘bertindak pandai’, saranta ing sȇdya ‘berkeinginan sabar’, mȇmbat ing pambudi ‘bersikap tidak kaku’.
- Laku kaprawiran (bersikap ksatria), meliputi wanthȇn ’pemberani’, tatag ‘tidak ada kekhawatiran’, tanggon ‘dapat diandalkan’, takat ‘kuat menahan sakit’.
- Laku kadibyan (bersikap sakti), meliputi larang calathu ‘jarang berbicara’, larang kȇdhȇp ‘jarang berkedip’, ora mundur ‘pantang mundur’, dan ora sȇsambat ‘pantang mengeluh’.
- Laku kawaspadan (bersikap waspada), meliputi nyumurupi wosing sȇdya ‘mengetahui maksud dari keinginan’, nyumurupi wosing warana ‘mengetahui maksud dari penghalang’, nyumurupi wosing pakarti ‘mengetahui maksud dari tindakan’, nyumurupi wosing rubȇda ‘mengetahui maksud dari rintangan’.
BAB III
PANUTUP
- Dudutan
Hasil panaliten saha pirembagan naskah sȇrat sasmitarasa inggih menika naskah ingkang dipun teliti jumlahipun setunggal eksemplar saha berisi 20 halaman. Naskah kasebut dipun simpan wonten ing Perpustakaan Museum Kirti Griya Dewantara Tamansiswa Yogyakarta. Naskah kanthi irah-irahan sȇrat sasmitarasa dengan kode koleksi 130 inggih menika naskah cetak aksara jawa.
Saking hasil panaliten saha pirembagan, sasmita ingkang wonten ing sȇrat sasmitarasa dipun perang dados kalih. Ingkang sepisan inggih menika wujud-wujud sasmita saha kaping kalih, laku kadosta.
- Wujud-wujudipun sasmita
- Sasmita pikantuk kesusahan saking Tuhan. Antawisipun pikantuk raos geguyu, nepsu, ngantuk, kakiyatan, luh, klentu ingkang dhateng langkung saking watesipun.
- Sasmita pertolongan Tuhan, antawisipun ingatan ingkang dumugi saged netesaken luh, ketenangan ingkang dumugi ngasilaken kesusahan, kesadaran ingkang ngasilaken kesabaran, wareg ingkang dumugingasilaken kepuasan, saha raos syukur ingkang dumugi ngasilaken panrima.
- Laku anggenipun ngadhepi sasmita
- Laku kamungguhan (patut), wonten sumȇh ing pasȇmon ‘ramah wonten ing patrapipun’, sarȇh ing pangucap ‘sabar anggenipun matur’, alusing solah tȇnaga ‘kehalusan patrap’, saha jatmikaning palungguhan ‘becik anggenipun lungguh’.
- Laku kalantipan (cerdas utawi paham), antawisipun bisa nampa ing surasa ‘saged mahami maksud’, labda mangsuli pangandika ‘mahir mengulang tetembungan’, nyandhak marang sasmita ‘paham kaliyan pratandha’, ngȇrti marang wȇwadi ‘mengerti dengan rahasia’.
- Laku kagunan (pandai anggenipun tumindak), meliputi wingit ing pasȇmon ‘berwajah wibawa’, rigȇn ing tindak ‘tumindakpandai’, saranta ing sȇdya ‘sabar’, mȇmbat ing pambudi ‘ fleksibel’.
- Laku kaprawiran (ksatria), antawisipun wanthȇn ’wani’, tatag ‘boten khawatir’, tanggon ‘saged diandalaken’, takat ‘kiyat nahan lara’.
- Laku kadibyan (sakti), antawisipun larang calathu ‘jarang micara’, larang kȇdhȇp ‘arang berkedip’, ora mundur ‘pantang mundur’, saha ora sȇsambat ‘pantang ngeluh’.
- Laku kawaspadan (waspada), antawisipun nyumurupi wosing sȇdya ‘mangertosi maksud saking keinginan’, nyumurupi wosing warana ‘mangertosi maksud saking alangan’, nyumurupi wosing pakarti ‘mangertosi maksud saking tumindak’, nyumurupi wosing rubȇda ‘mangertosi maksud saking rintangan’.
2. Panyaruwe
Saking makalah “Sȇrat Sasmitarasa” menika, wonten panyaruwenipun kadosta:
- Panaliten kasebut berdasarkan ilmu sastra, ilmu budaya, dan atau nilai-nilai moral.
- Sêrat Sasmitarasa inggih menika serat piwulang ingkang isinipun unghah-ungguh ingkang sae saha becik.
Daftar Pustaka
Anonim. 1927. Sêrat Sasmitarasa. Solo: Stoomdrukkerij ,,De Bliksem”.
Mulyani, Hesti. 2005. Teori Pengkajian Filologi. Diktat Mata Kuliah.
Yogyakarta: Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa Jurusan Pendidikan
Bahasa Daerah Fakultas Bahasa dan Seni Uninversitas Negeri Yogyakarta.
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B Wolters’
Uitgevers-Maatschappij N. V.
-------------------------------. 1954. Kamus Umum Bahasa Indonesia. Jakarta: Balai
Pustaka.
Hidayah, Sya’ban. 2013. KAJIAN FILOLOGI DAN SASMITA DALAM SÊRAT
SASMITARASA. Skripsi S1. Yogyakarta: Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, FBS, UNY.