Rabu, 12 Juli 2017

Makalah Bab Basa



Tugas Mata Kuliah Nyerat Karya Ilmiah
“Tingkat Tutur Basa JawI Krama Wonten ing Generasi Mudha”
Dosen Pengampu : Prof. Dr. Suharti, M. Pd.




download logo uny
 







Dipun serat dening :
1. Fary Puji Pratama                (15205241021)
2. Rafli Nanda Pristya              (15205241031)
Kelas F

Pendidikan Bahasa Daerah
Fakultas Bahasa dan Seni
Universitas Negeri Yogyakarta
2017


PRAWACANA
Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung sahengga makalah punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur sembah nuwun kagem tiyang sepuh kawula ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija ingkang sampun paring kawruh lan seserepan sahengga makalah ingkang kasusun sae punika saged purna.
Laporan karya tulis ilmiah kanthi irah – irahan “Tutur Basa JawI Krama Wonten ing Generasi Mudha” punika minangka salah satunggaling sarana gladhen nyerat. Makalah menika kasusun kangge njangkepi tugas semester IV mata kuliah Nyerat Karya Ilmiah.
Mugi – mugi makalah ingkang kaserat dening panyerat menika saged paring mapinten – pinten manfaat dhumateng para sinten kemawon ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi kathah kakirangan, pramila panyaruwe saha panyendu tansah kula antu – antu.  


Yogyakarta, 5 Juni 2017


Panyerat





BAB I
PURWAKA

A.    Dhasaring Teori

Bahasa inggih punia sitem lambang ikang wujudipun swanten ingkang sipatipun sewenang – wenang arbitrer ingkang dipun ginakaken dening anggota masyarakat kangge saling hubungan saha kangge interaksi. Bahasa menika suatu sistem ingkang gadhah aturan  ingkang saling hubungan saha ngemot struktur unsur – unsur kangge dipun analisis kanthi pisah. Tiyang ingkang ngginakaken basa medalaken swaunten ingkang mbentuk swanten berstruktur tartamtu. ( Blommfield wonten ing Sumarsono saha Paina Partana, 2004 : 18).
            Basa gadhah  fungsi kangge hubungan pribadi kaliyan pribadi sanesipun. Basa sipatipun personal ingkang tegesipun migunani kangge ngucapaken pikiran, penggalih, raos, saha kekarepan piyambak. (Mansoer Pateda,1991: 18).
Roger T. Bell ngandharaken fungsi pribadi menika ingkang mbentuk saha pikantuk hubungan sosial ingkang wonten ing kelompok – kelompok sosial dipunwatesi saha individu ingkang wonten dipun identifikasi sarta dipundhorong, amargi  kangge mggampangaken tiyang berinteraksi kaliyan sanesipun kanthi ngginakaken pikiran, raos, saha kekarepan. (ABP Ibrahim Syukur, 1995 : 16)
Mliginipun tingkat tutur basa Jawi dikenal wonten tingkat tutur ngoko saha tingkat tutur krama (Soepomo, 1979 : 9; Suwito, 1985 : 6 ; Sudaryanto, 1987 :2).
Menawi miturut khusus tingkat tutur wonten ing basa Jawi disebut undha-usuk  utawi  unggah-ungguh.
            Tingkat tutur ngoko nindakaken raos boten berjarak antawisipun penutur (O1) tumrap mitra tutur (O2), tegesipun O1 boten gahdhah raos sungkan tumrap O2. Menawi tingkat tutur krama inggih punika tingkat tutur ingkang ngungkapaken teges  sopan santun. Tingkat menika nandhaken wonten raos pakewuh penutur tumrap lawan tutur, amargi lawan tutur menika tiyang ingkang dereng tepang, utawi  berpangkat utawi priyayi, berwibawa, saha langkung tuwa saking yuswanipun. (Soepomo Poedjosoedarmo, 1979 : 14).
            Dengan latar belakang perkawis wonten ing inggil menika, panyerat tertarik kangeg neliti perkawis “Tingkat Tutur Krama Generasi Mudha” menika amargi  wonten alasan. Alesanipun inggih punika generasi mudha menika tonggak ingkang paling paling efektif kangge ngelstantunaken basa JawI ingkang sae saha leres kangge  masa ingkang saklajengipun. Generasi mudha menika generasi ingkang caket sakcandhakipun generasi tuwa kangge nglajengaken estafet kelestarian bebasan. Icalipun setunggal periode generasi bebasan ingkang sae saha leres sami kaliyan icalipun setunggal generasi kangge nglestantunaken kabudayan ingkang sampun wonten. Amargi basa menika alat penentu wontenipun satungaling kabudayan. Basa minangka alat budaya, amargi boten wonten kabudayan ingkang sami, saha basa minangka alat kangge mengkodekan menika (Samsuri, 1991 : 1). Nglestantunaken basa sami kaliyan nglestantunaken kebudayaan ingkang sampun wonten.

B.     Watesaning Perkawis
Watesaning perkawis wonten ing panaliten menika inggih punika kados pundi tingkat tutur basa Jawi krama wonten ing generasi mudha ing jaman samenika.

C.     Wosing Perkawis
Adhedhasar perkawis menika, saged katata wosing perkawis kados mekaten :
1.      Kados pundi bentuk tuturan basa Jawi Krama Generasi Mudha
2.      Kados pundi fungsi tuturan basa Jawi Krama Generasi Mudha
3.      Kados pundi sikap Generasi Mudha anggenipun ngginakaken tingkatan tutur krama?

D.    Ancasipun Panaliten
Adhedhasar wosing perkawis, ancasing panaliten inggih menika kangge
1.      Deskripsi bentuk tuturan basa Jawi krama Generasi Mudha
2.      Deskripsi fungsi basa Jawi Generasi Mudha
4.      Deskripsi sikap Generasi Mudha anggenipun ngginakaken tingkatan tutur krama?

.
E.     Paédah Panaliten

Panaliten menika saged nambah pangetahuan bab sosiolinguistik dalam halanggenipun ngginakaken tingkat tutur krama, saha saged mabgertosi peran basa Jawi tumrap panganggenipun tingkat tutur krama kangge generasi mudha.





















BAB II
GEGARAN TEORI


a)      Andharan Teori

1.      Studi Sosiolinguistik

Sosiolinguistik wonten hubunganipun kaliyan tipe winten ing teori
linguistik. Miturut Verhaar (1980 : 14-16) ngandharaken wonten 4 teori linguistik saha sekawan teori menika prinsipipun adhedhasar saking analisis tiga hal inggih punika (1) ekspresi, (2) makna, saha (3) situasi. Sosiolinguistik kalebet tipe ingkang gadhah urutan menika ekpresi, situasi saha makna. Hubungan ketiga – tiganipun  urutan erat saha saling nematoaken. Faktor situasi wonten ing studi sosiolinguistik saged dipunsejajaraken kaliyan teks basa.
Wonten pandhangan sosiolinguistik basa dipunpandhang minangka sistem sosial saha sistem komunikasi sarta bagian saking kabudayan masyarakat. Panalitian  basa miturut sosiolinguistik nggatosaken panganggenipun basa wonten ing masyarakat ingkang dipunpengaruhi wujud basa menika antawisipun: status sosial, tingkat pendidikan, yuswa, tingkat ekonomi, jinis kelamin lsp. Saksanesipun menika alih basa dipunpengaruhi ugi dening faktor situasional, tuladhanipun: sinten pembicara, bentuk basa menapa, kangge sinten, kapan, wonten pundi, saha mangertosi perkawis menapa. Faktor-faktor situasional menika kados sampun dipunrumusaken dening Fishman : “Who speaker, what language to whom and when” (Pride and Janed Holmws, 1979:15: saha wonten ing Suwito, 1985:3: sarta dipunkutip dening Maryono1996 :57).

b)      Variasi Basa

Minangka gejala sosial basa saha panganggenipun basa boten namung dipuntamtuaken faktor – faktor linguistik, ananging ugi faktor – faktor non linguistik, antawisipun faktor sosial saha faktor situasional. Menawi wontenipun faktor – faktor  sosial saha faktor – faktor situasional ingkang ngaruh pangangge basa, lajeng wonten variasi-variasi basa, menawi wontenipun kathah variasi-variasi basa nunjukaken  menawi basa menika sipatipun kathah ragamipun (heterogen). Keanekaragaman basa katingal saking pangangge individu utawi kelompok. Saking variasi  menika saged kita tingali saking lagu utawi intonasinipun, pilihan tembung, susunan ukara, cara ngandharaken ide(Suwito, 1996 : 4).
Variasi basa inggih punika bentuk – bentuk bagian wonten ing basa ingkang masing–masing gadhah pola–pola ingkang awujud pola umum indukipun (Soepomo Poedjosoedarmo,1976 : 2). Salajengipun dipunandharaken menawi variasi basa wonten amargi kebutuhan penutur menawi badhe komunikasi ingkang jumbuh kaliyan situasi wonten ing konteks sosial. Dados, menawi tiyang menikam atur kedah miih ragam basa ingkang panganggenipun dipunjumbuhaken kaliyam fungsi saha situasinipun.
Ragam basa inggih punika variasi basa ingkang dipunginakaken wonten ing situasi, kahanan, utawi kangge kapreluan tartamtu (Abdul Chaer, 1994 : 56)

c)      Tingkat Tutur Bahasa Jawa

Tingkat tutur utawi ungah-ungguh miturut Harimurti Kridalaksana inggih menika sistem ragam basa miturut hubungan antawis pamicara, kasaranipun kadadosan saking ngoko, krama saha madya (1993 : 223). Sistem ragam basa menika bentuk–bentuk ingkang dipunucapaken wonten ing situasi formal utawi non formal. Tingkat tutur ingkang dipunucapaken wonten ing situasi formal inggih menika krama, menawi wonten ing situasi nonformal dipunginakaken bentuk ngoko.
Soepomo Poedjosoedarmo (1979 : 13) kaperang tingkat tutur basa Jawi dados tiga jinis, inggih punika (1) tingkat tutur krama, (2) tingkat tutur madya, saha (3) tingkat tutur ngoko. Perangan menika ugi dipunlampahaken dening Bambang Kaswanti Purwo (1991).

1.      Tingkat Tutur Ngoko

Tingkat tutur ngoko nggambaraken raos boten berjarak antawis penutur (O1)  tumrap mitra tutur (O2 ), tegesipun O1 boten gadhah raos sungkan tumrap O2. dados, kabgge tiyang ingkang badhe ngandharaken akrab tumrap tiyang sanes, tingkat ngoko ingkang kedah dipunginakaken (Soepomo Poedjosoedarmo, 1979 :14).
.
2.      Tingkat Tutur Madya
Tingkat tutur madya inggih punika basa pertengahan antawis ngoko saha krama. Tingkat tutur ingkang madya nunjukaken kasopanan menengah utawi sedeng. Wonten ing pagesangan masyarakat langkung asring dipunginakaken dening tiyang – tiyang ingkang panggonanipun winten ing dhusun. Ungkapan – ungkapan wonten  basa madya biyasanipun awujud bentuk singkat saking bentuk ingkang sampun baku bentuk krama saha ngoko.
a) Madya ngoko.
b) Madyantara.
c) Madya krama.

3.      Tingkat Tutur Krama
Tingkat tutur krama menika tingkat tutur ingkang ngandharaken teges sopan santun. Tingkat menika nandhakaken wontenipun raos sungkan (pakewuh) penutur tumrap lawan tutur, amargi lawan tutur inggih punika tiyang ingkang dereng tepang, utawi gadhah pangkat utawi priyayi, berwibawa, saha lain-langkung tuwa saking yuswanipun (Soepomo Poedjosudarmo, 1979 : 14).pitututr krama kedah nggatosaken O1 saha O2. O1 kedah ngurmati tumrap O2 saha boten pareng tumindak sakarepe dhewe (Soepomo Poedjosudarmo, 1979 : 14). Tingkat tutur krama gadhah mapinten tingkatan  ingkang kontinyu (kesinambungan) tuladhanipun:

a. Mudha krama
            Mudha krama inggih punika tingkat ingkang paling sopan saha hormat paling biyasa dipunangge dening O1 tumrap O2 ingkang gadhah kelas sosial inggil utawi paling diurmati saha ukaranipun ngemot tembung – tembung saha imbuan krama sarta ngemot krama inggil saha krama andhap. Panganggonanipun krama inggil kangge ngurrmati tiyang ingkang dipunjak  micara saha panganggone krama andhap kangge ngrendahaken penutur (piyambakipun).

 Tuladhanipun : ‘Nembe kemawon, bapak kesah dhateng kantor lan miyos griya panjenengan’.
Ukara menika kalebet bentuk ukara krama ingkang diramu kaliyan inggil saha krama andhap wonten ing tembung ‘kesah’

b. Kramantara
Kramantara inggih punika tingkat krama ingkang namung tembung  krama, saengga boten dipuntemuaken wonteipun tembung tembung krama inggil atau krama andhap wonten ing ukaranipun. Tingkat tutur menika biyasanipun dipunginakaken tiyang sepuh tumrap tiyang ingkang langkung enem saha tiyang ingkang sami kalenggahanipun sosial tuladha pangkat, yuswa. Tuladhanipun ukara : “Nembe kemawon, Bapak kesah dhumateng kantor lan langkung griya panjenengan”.
.
c. Wredha krama
Wredha krama inggih punika tingkat krama ingkang boten ngemot krama inggil utawi krama andhap, menawi ngemot sufiks ngoko. Tingkat tutur menika biyasanipun dipunginakaken dening tiyang sepuh (wredha) tumrap tiyang ingkang langkung enem. Afiks ignkang dipunginakaken inggih punika afiks
{di}, {e}, saha {-ake}. Saged dipuntingali saking: ‘Nuwun sewu, griyane Aji wonten ing pundi, nggih ?’

d)     Fungsi Bahasa
Fungsi utami basa ingkang dipunmaksud inggih menika fungsi basa minangka alat komunikasi (Nababan, 1984: 38; Suwito, 1985: 2; Mansoer Pateda, 1987: 4-5). Fungsi basa saged dipunbedakaken 4 golongan, wonten a) fungsi kabudayan, b) fungsi kemasyarakatan, c) fungsi perorangan, saha d) fungsi pendidikan (Nababan, 1993 : 38). a) fungsi kabudayan saged dipundudut menaiw basa wonten ing kabudayan menangka
1.      sarana pangembangan budaya, (b) jalur penerus budaya, saha (3) inventaris titikan kabudayan.
2.      fungsi pendidikan langkung kathah adhedhasar saking panganggon basa wonten ing  pendidikan saha pengajaran.
e)      Fungsi Tingkat Tutur Krama
Tingkat tutur ngoko nggambaraken makna boten berjarak antawis penutur kaliyan mitra tutur. Makna menika supados wonten tingkat keakraban hubungan. Fungsinipun inggih menika kangge nunjukkaken asipat hubungan ingkang akrab antawis penutur kaliyan mitra tutur. Tingkat tutur krama nggambaraken makna hormat antawis penutur kaliyan mitra tutur. Adapun (Soepomo Poedjo Soedarmo, 1979 : 14-15).
a.       Tingkat tutur ngoko, tingkat sopan santun andhap (low honorifics).
b.      Tingkat tutur madya, tingkat sopan santun ingkang sedheng (middle
honorifics)
c.       Tingkat tutur krama, tingkat sopaningkang paling inggil (high
honorifics).


e.       Sikah basa
1.      Sikap
Louis Thurstone (1928), Rensis Likert (1932) saha Charles Osgood ngandharaken Sikap
Inggih punika satunggaling bentuk evaluasi utawi reaksi raos, sikap tiyangtumrap satunggaling objek inggih punika raos ndhukung  utawi mihak (favorable) raos boten ndhukung utawi boten mihak (unforable) wonten ing obyek menika (Berkowitz dalam Azwar S, 1998 : 4) langkung spesifik, Thurstone memformulasikan sikap minangka ‘drajat efek positif utawi efek negatif tumrap satunggaling obyek psikologis’(Edwards, dalam Azwar S, 1998 : 4).

2.      Hubungan antara Sikap dan Perbuatan
Sikap dipunarani minangka salah satunggaling respon evaluatif. Respon namung medal menawi individu saged wonten ing stimulus ingkang menghendaki wontenipun reaksi individual. Respon evaluatif menika bentuk reaksi ingkang dipunandharaken minangka sikap menika medal dening proses evaluasi dhiri individu ingkang menehi respon tumrap stimulus ingkang wujudipun nilai sae utawi boten sae, positif-negatif, gawe bungah menapa sedhih ingkang kangge potensi reaksi tumrap obyek sikap (Azwar, 1998 : 15).
Ananging sikap para mudha samenika boten sami kaliyan generasi ingkang tuwa. Ingkang dipunkarepaken tiyang sepuh menika, tiyang enem kedah gadhah patrap sae saha becik. Ananging, amargi wonten globalisasi samenika budaya kita sampun kecampur kaliyan budaya kilen. Generasi enem samenika boten saged nyaring antawisipun budaya enggal ingkang mlebet wonten ing budaya kita piyambak. Krama inggil menika boten namung pituturipun ingkang ngginakaken basa krama, ananging patrapipun kedah nggambaraken sika hormat dhumateng tiyang sepuh saha tumrap sinten kemawon. Tingkatan basa krama menika warisan saking tiyang sepuh supados kita sedaya minangka generasi mudha saged nindakaken patrap ingkakng sae manut kaliyan budaya ketimuran.






















BAB III
PANUTUP


A.    Dudutan

Saking makalah kanthi irah – irahan Tingkat Tutur Basa JawI Krama Wonten ing Generasi Mudha menika kita sedaya saged nyimpulaken menawi budaya menika asalipun saking basa. Basa menika awalipun saking pitutur nenek moyang ingkang jumbuh kaliyan patrapipun manungsa wonten ing gesang padintenan. Menawi tiyang ingkang asring wonten pasar inggih mesthi ngginakaken basa pasaran, radi kasar saha boten nggatosaken tata krama. Beda kaliyan basa tiyang ingkang turunan kraton, basanipun langkung alus saha nggatosaken tata krama. Ananging sedaya menika fungsi basa sami, inggih punika kangge komunikasi, hubungan, saha kangge nglestantunaken budaya ingkang sampun wonten. Variasi basa menika wonten amargi wonten kasta sosial ingkang wonten ing pagensangan manungsa.
Generasi mudha wonten ing jaman samenika sampun arang ingkang ngginakaken basa krama inggil tumrap tiyang sepuhipun, amargi sampun awit cilik boten dipunajaraken basa Jawi. Basa jawi kalah tren kaliyan basa Inggris saha basa Indonesia. Ananging basa Jawi gadhah krama inggil ingkang saged bentuk karakter patrap manungsa supados langkung sae.

B.     Panyaruwe
Saking makalah “Tingkat Tutur Basa JawI Krama Wonten ing Generasi Mudha” menika, wonten panyaruwenipun kadosta
Panaliten menika ngansdaraken realita basa jawa krama wonten ing masyarakat, bentuk saha fungsi saking tingkat tutur basa krama wonten ing generasi mudha. Saking panaliten menika kedah dipun tindak lanjuti kangge perkembangan eksistensi basa jawa krama wonten ing masyarakat, amrgi saged nambah wawasan ilmu pengetahuan.


Daftar Pustaka
Sudarmawan, Hengki. 2005. Tingkat tutur bahasa jawa krama pada generasi muda
sinoman di kecamatan Grogol kabupaten Sukoharjo. Skripsi S1. Surakarta: Jurusan Sastra Daerah, Fakultas Sastra dan Seni Rupa, Universitas Sebelas Maret.



Menawi badhe download utawi badhe ningali wonten mriki nggih https://drive.google.com/open?id=0B1D8u1RWqrRlZ0lzZFF2MF9PVDg


Tidak ada komentar:

Posting Komentar