Minggu, 16 Oktober 2016

Cerkak

Ngoyak Tugas Sewengi

Sruput… tak ombe kopi ireng neng gelas iki. Emmm… Sesok kui uwis dino senen, sesok kui ono tugas opo seng durung tak catet yo?. Ahh… gajal tak takon karo konco-konco sopo ngerti ono seng iso ngewangi aku. tit..tut..tit..tut.. tak pencetti tombol neng hpku, thut..thut.. seuarane hp kang lagi nyambungke. Ora suwe krungu swara seng tak karepke.

“Halo.. ono opo kok bengi-bengi telphon aku?”
“Ora san, Sesok kui ono yugas ora e san?, aku lali e san.” Takonku karo uwong seng ono neng telphon kui seng jenenge Darsan.
“Iyo, sesok kui tugase ngawe cerkak, nerjemahke aksara ,karo ngawe ringkesan filsafah jawi, woo… iyo e,”
“yo uwis san maturnuwun yo”
“ iyo….” Banjur aku kelingan tugase aku pamitan karo darsan.

Haduh… karo ngeplak bathuk alon. Tak ombe meneh kopi seng ono neng ngarepku iki. Aku mulai ngadek, niate arep ngarap tugas. Neng bengi iki, tak delok uwis jam songo, neng njobo kamar kos uwis mulai sepi. Sakdurunge tanganku nyekel buku karo patelot, tak wiwiti nyumet rokok sak lencer sopo ngerti sak wise nyedot rokok pikiranku tambah ora bingung maneh. Banjur kui aku mulai nggarap tugas seko nerjemahke aksara, manadang tak bukak bukune, lha kok malah koyo ngene tugase malah koyo maca iqro’ jilid 1. Wes lah tak garap sak isone wae, jenenge wong lagi sinau mesti ono salahe. Tak niati nenanan tibakno aku yo iso ngarap, hahaha… sak tugas uwis rampung.

Bibare tugas siji rampung, banjur aku arep ngarap tugas seng keloro. Lagi ngoliki buku, kupingku koyo krungu swara cedak banget karo aku, mbasan tak goleki tingak-tinguk ora ono wujude. Opo iki seng jenenge swara tanpa wujud? Lha kok atiku malah dadi koyo ngene.

“krucuk..krucuk..krucuk..” swarane tambah cetha neng kupingku, mbasan tak rungokne maneh jebule wetengku lagi sambat, pertondo nek aku lagi luwe. Banjur aku metu seko kamar, terus aku nglitih panganan neng warung.

“mbah tumbas mie goreng kalih”
“sek yo Le tak jipukne”
“inggih mbah, pinten mbah?”
“bengi-bengi kok yo ngelih to Le?” pitakene simbah seng dodolan karo njipukne mie.
“lha nggih mbah, wetenge mboten saged dijak mikir maneh, tugase tasih katah mbah”
“o.. karo ngarap tugas to Le, 3000 wae Le”
“inggih mbah, punika artanipun mbah”

Bibare tuku mie aku bali kos terus masak, kero ngenteni mateng, mending udud sak lencer karo ngombe wedang putih mergo kopine mau uwis entek. Banjur mie ne mau uwis mateng, wetengku uwis ora sabar maneh, tanpo basa-basi mie kui langsung tak pangan. Sak wise wetengku wareg, banjur tak teruske ngarap tugasku.


Ora ngiro uwis sak jam dewe anggonku ngrampungne cerkak, rumangsaku mata iki abot banget gawe melek, ananging tugasku iseh ono siji seng durung tak demek babar blas, dilalah aku kelingan yen sesok iseh ono wektu gawe ngarap amergo kepotong isoma. Tak pungkasi wae anggonku ngrap tugas bengi iki, banjur aku mapan turu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar